Jujur Bakal Mujur
Pak
Slamet kalebu wong kang ora nduwe. Uripe rekasa, sanajan dheweke mempeng
nyambut gawe, ora wegahan, cak-cek tumandhang gawe, ananging isik wae okeh
kurangane anggone nyukupi butuh.
Pak
Slamet tumindake utama. Dheweke nengenake kajujuran, andhap asor, sabar lan
teguh ing sabendinane. Sajrone urip rekasa iku, ora tau nggresula, sambat, lan
ngetokake tembung-tembung ala. Atine tansah tatag lan sabar.
Sawijing
dina Pak Slamet reresik suket ing tegalan. Dheweke kaget, weruh kendhil kapendhem
sangisore suket. Kendhil dijupuk banjur dibukak tutupe. Isine dhuwit emas,
pating gebyar. Pak Slamet bungah, nanging bungahe ora suwe, sakbanjure atine
dadi bingung. wusanane kendhil
dibalekake kaya maune. Ing jroning batine, tuwuh pamikir, barang iku duweking
liyan, dudu duwekku, mula kudu dak balekake. Pak Slamet
banjur jumangkah bali, amarga wayahe pancen wis surup. Wis wancine kudu mulih
lan leren.
Satekane
ing omah, Pak Slamet cerita marang Bu Slamet apa kang dialami ing tegal mau.
Bojone mau nesu amarga Pak Slamet ora gelem nggawa bali kendhile. Pak Slamet
kang sabar iku banjur nanduki bojone, “iku udu duweke dewe, Bu”, “ora becik yen
dakjipuk”. “Walah Pak…Pak….Sampeyan ki ra ngrumansani wong ra nduwe, eneng
rejeki kok ora gelem” wangsulane Bu Slamet karo gedheg-gedheg. “Yen rejeki ora
bakal nengdi, Bune”, Pak Slamet banjur sumingkir lan mapan turu nglungani
bojone kang lagi nesu.
Bu
Slamet durung trima banjur lunga menyang omahe tanggane. “kang Supri tak
omongi……” Bu Slamet bengak-bengok ing ngarep omahe Kang Supri. “ngopo Yu?”
wangsulane Kang Supri. “Bapakne mau ki nemu kendhil isi dhuwit emas ning
tegalan, tulung jipukna engko tak bagei” ngono kandhane Bu Slamet. “yo, Yu. Tak
golek senter sik” wangsulane Kang Supri gage-gage mlebu golek senter. Sauntara
Bu Slamet mulih banjur Kang Supri menyang tegalan. Ing batine Kang Supri duwe
pikiran yen mengkone bakal njikuk sikik isi Kendhile supaya entuk bagean kang
luwih okeh.
Tekane
ing tegalan, Kang Supri banjur ngedhug papan kang kanggo mendhem kendhil mau.
Sakwise nemu kendhil mau, Kang Supri bungah banget. Ing batine wis
ngangen-angen bakal sugih kanthi cepet. Ananging sakbanjure kendhil dibukak,
blaiikk…..isine ula, udu dhuwit emas
kaya apa kang dikandhakake Bu Slamet mau. “kurangajar, aku diapusi Yu Slamet,
pokoke iki kudu dakbales” mangkono
kandhane Kang Supri sinambi nutup kendhil mau. Kang Supri banjur gage mlaku
tumuju omahe Pak Slamet.
Saktekane
ing omahe Pak Slamet banjur tumuju ing emperan pawon, kanthi ngati-ati mbukak
jendhela pawon lan ndelehakake kendhil mau ing pinggir lawang pawon. Pangajabe
supaya sesuk-esuk kulawargane Pak Slamet ana kang dicokot ula ing kendhil mau.
“rasakno Yu….kowe wani ngapusi aku” kandhane Kang Supri sinambi mlaku mulih.
Esuke,
Pak Slamet tangi mruput pas kenthong subuh. Banjur arep menyang sumur, sesuci.
Nalika liwat ing pawon, Pak Slamet kaget amarga kendhil kang ana tegalan kok
isa ana ing pawone. Pak Slamet banjur
nyeraki kendhil mau, nuli dibukak, isine dhuwit emas. Pak Slamet bungah
banget lan ngaturake syukur marang Gusti.
Mangkono
iku, sapa sing jujur bakal mujur.