Minggu, 29 Maret 2015

Aprilia Ekowati lair ing Yogyakarta, 30 April 1995. Anak mbarep tunggale 3. sakiki mapan karo wongtuwane ing Imogiri, Bantul, Yogyakarta. Wiwitane SD ing SD Numpukan kang lulus taun 2007, banjur SMP ing SMP 1 Imogiri lulus 2010. Nerusake ing MAN Wonokromo kanthi njikuk jurusan Bahasa.
Ing SMP wis lekas seneng karo pelajaran basa jawa. Nate melu lomba geguritan tingkat kevamatan, sanajan ya durung menang, nanging wis bisa nyinau kepriye maca geguritan ing ngrepe wong akeh. sakliyane iku, deweke ya seneng karo kegiatan pramuka. begjane ing SMP 1 Imogiri kegiatan pramuka diadani kanggo kelas 7 lan 8. Dadi ya krasa mantep anggone nyinau bab pramuka. Sakliyane iku uga aktif ing kegiatan PMR. Nate melu kegiatan Jumbara Daerah 2009 ing Sleman.
Ing MAN deweke  nerusake ing jurusan Bahasa. Fokus sinaune yaiku basa Jepang, sakliyane kuwi uga nyinau Basa Indonesia, Basa Arab, Basa Inggris, uga Sastra Indonesia. Nate melu lomba baca puisi ing Balai Bahasa yogyakarta nalika taun 2012. Sakliyane sekolah uga aktif ing ekstrakurikuler pramuka. Dadi Dewan Ambalan nalika kelas XI.Saiki wis kuliah ing jurusan Pendidikan Bahasa Daerah ing UNY. Melu ing UKM Pramuka UNY.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar