Senin, 06 April 2015

Jujur Bakal Mujur
Pak Slamet kalebu wong kang ora nduwe. Uripe rekasa, sanajan dheweke mempeng nyambut gawe, ora wegahan, cak-cek tumandhang gawe, ananging isik wae okeh kurangane anggone nyukupi butuh.
Pak Slamet tumindake utama. Dheweke nengenake kajujuran, andhap asor, sabar lan teguh ing sabendinane. Sajrone urip rekasa iku, ora tau nggresula, sambat, lan ngetokake tembung-tembung ala. Atine tansah tatag lan sabar.
Sawijing dina Pak Slamet reresik suket ing tegalan. Dheweke kaget, weruh kendhil kapendhem sangisore suket. Kendhil dijupuk banjur dibukak tutupe. Isine dhuwit emas, pating gebyar. Pak Slamet bungah, nanging bungahe ora suwe, sakbanjure atine dadi  bingung. wusanane kendhil dibalekake kaya maune. Ing jroning batine, tuwuh pamikir, barang iku duweking liyan, dudu duwekku, mula kudu dak balekake. Pak Slamet banjur jumangkah bali, amarga wayahe pancen wis surup. Wis wancine kudu mulih lan leren.
Satekane ing omah, Pak Slamet cerita marang Bu Slamet apa kang dialami ing tegal mau. Bojone mau nesu amarga Pak Slamet ora gelem nggawa bali kendhile. Pak Slamet kang sabar iku banjur nanduki bojone, “iku udu duweke dewe, Bu”, “ora becik yen dakjipuk”. “Walah Pak…Pak….Sampeyan ki ra ngrumansani wong ra nduwe, eneng rejeki kok ora gelem” wangsulane Bu Slamet karo gedheg-gedheg. “Yen rejeki ora bakal nengdi, Bune”, Pak Slamet banjur sumingkir lan mapan turu nglungani bojone kang lagi nesu.
Bu Slamet durung trima banjur lunga menyang omahe tanggane. “kang Supri tak omongi……” Bu Slamet bengak-bengok ing ngarep omahe Kang Supri. “ngopo Yu?” wangsulane Kang Supri. “Bapakne mau ki nemu kendhil isi dhuwit emas ning tegalan, tulung jipukna engko tak bagei” ngono kandhane Bu Slamet. “yo, Yu. Tak golek senter sik” wangsulane Kang Supri gage-gage mlebu golek senter. Sauntara Bu Slamet mulih banjur Kang Supri menyang tegalan. Ing batine Kang Supri duwe pikiran yen mengkone bakal njikuk sikik isi Kendhile supaya entuk bagean kang luwih okeh.
Tekane ing tegalan, Kang Supri banjur ngedhug papan kang kanggo mendhem kendhil mau. Sakwise nemu kendhil mau, Kang Supri bungah banget. Ing batine wis ngangen-angen bakal sugih kanthi cepet. Ananging sakbanjure kendhil dibukak, blaiikk…..isine ula, udu dhuwit  emas kaya apa kang dikandhakake Bu Slamet mau. “kurangajar, aku diapusi Yu Slamet, pokoke iki  kudu dakbales” mangkono kandhane Kang Supri sinambi nutup kendhil mau. Kang Supri banjur gage mlaku tumuju omahe Pak Slamet.
Saktekane ing omahe Pak Slamet banjur tumuju ing emperan pawon, kanthi ngati-ati mbukak jendhela pawon lan ndelehakake kendhil mau ing pinggir lawang pawon. Pangajabe supaya sesuk-esuk kulawargane Pak Slamet ana kang dicokot ula ing kendhil mau. “rasakno Yu….kowe wani ngapusi aku” kandhane Kang Supri sinambi mlaku mulih.
Esuke, Pak Slamet tangi mruput pas kenthong subuh. Banjur arep menyang sumur, sesuci. Nalika liwat ing pawon, Pak Slamet kaget amarga kendhil kang ana tegalan kok isa ana ing pawone. Pak Slamet banjur  nyeraki kendhil mau, nuli dibukak, isine dhuwit emas. Pak Slamet bungah banget lan ngaturake syukur marang Gusti.

Mangkono iku, sapa sing jujur bakal mujur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar